Kamis, 04 April 2013



SESORAH BHS. JAWA



    ASSALAMUALAIKUM

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni………
Bapak / Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan…………..
Bapak / Ibu Wali murid kelas 9 ingkang kula kurmati…………
Saha kanca-kanca SMPN 4 Magetan ingkang tansah kula tresnani………

    Mangga kita sareng-sareng ngaturaken raos puja lan puji syukur dumatemg Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos. Dene  punapa kita sedaya saged pinaggeh wonten adicara punika .
Kanthi kawontenan ingkang sehat  wal’afiyat . Amien……..
     Bapak / Ibu tamu undangan ingkang tansah kula kurmati , ing adicara punika kula wakil saking kanca-kanca kelas 9 , ngaturaken agungipun panuwun ingkang tanpa upami dumateng Bapak saha  ibu ingkang sampun ngresakaken rawuh wonten ing adicara puniko.
      Bapak / Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan , saha adhik-adhik ingkang kula tresnani.
Kula sakanca rumaos cuwa ing manah badhe nilaraken pawiyatan punika.
Badhe ngaturaken raos matur suwun ingkang sekathah-kathah ipun dhumateng
Bapak /Ibu Guru ingkang sampun bimbing lan ingkang sampun maringaken sedaya ilmunipun kangge kula lan kanca-kanca sedoyo.
        Kula sakanca kelas 9 , tansah nyenyuwun lan ndedonga  dumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos supados adhik kelas 7 lan 8 sagedta kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika kanthi hasil ingkang sae.
         Kula mboten luput nyuwun  agungingpangapunten ingakng sekathah-kathah ipun , mbok bilih kula lan kanca-kanca sedoyo gadhai kalepatan ingkang mboten sae.
         Kados makaten atur kula , mbok bilih sadangunipun kawula ngadeg wonten perkawis-perkawis ingkang mboten saged damel suka reraning sasar susur , kula naming saged nyuwun agungipun pangaksami.

BILLAHI TAUFIK WALHIDAYAH
 WASSALAMUALAIKUM  WR.WB.